Sunday, January 27, 2013

Tembung Dasanama

§ Abang : abrit, abranang, dadu, jingga, merah, rekta
§ Anak : atmaja, putra, suta, siwi, sunu, tanaya, weak, yoga
§ Angin : bayu, braja, maruta, prahara, pawana, riwut, samirana
§ Alas : jenggala, wana, wanadri
§ Arep : apti, arsa, ayun
§ Asu : sona, srenggala
§ Ati : driya,galih, kalbu, nala, panggalih, prana, tyas, wardaya
§ Awak : angga, raga, tubuh, badan, kuwanda, salira
§ Bagus : pekik, respati, sigit, sulistya
§ Bangke : jisim, kunarpa, kuwanda, mayit, wangke, sawa
§ Banyu : her, jala, ranu, tirta, tuban, udaka, warih, we
§ Bantheng : andaka, angun-angun, jawi, nandaka
§ Bapak : rama, sudarma, sudarmi, yayah
§ Bledhek : bajra, erawati, gelap, guntur
§ Bodho : blilu, dama, jugul, kumprung, mudha, pengung, pingging
§ Bumi : bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala
§ Bungah : gembira, girang, harsana, harsaya, suka, rena, trustha, wijah
§ Buta : asura, dajuna, diyu, ditya, denawa, jaksa, kelana, raseksa
§ Dalan : dlanggung, enu, gili, hawan, lebuh, lurung, marga, ratan
§ Desa : dhekah, dhukuh, dhusun
§ Dewa : apsara, bathara, dewata, hyang, jawata, sura, widadara
§ Dhuwur : bentar, dhuhur, inggil, luhur, punjung
§ Dhuwit : ardana, arta, picis, yatra
§ Emas : jene, kanaka, kencana, rukma, rukmi, suwarna
§ Endah : alep, listya, peni, raras, resmi, respati,
§ Gajah : asti, dipa, dipangga, dirada, esthi, liman
§ Gaman : badhama, senjata
§ Gawe : kardi, karya, karti
§ Geni : agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka
§ Getih : ludira, rudhira
§ Gludhuk : grah, gurnita, Guntur, pater, guruh, ketug
§ Gunung : aldaka, ancala, arga, ardi, giri, meru, parwata, prabata, wukir
§ Ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umbi, wibi
§ Ijo : royo-royo, wilis
§ Inten : barleyan, jumerut, herlaut, kalengka, kumala, manik, retna
§ Ireng : langking, kresna
§ Iwak : matswa, mina, ulam
§ Jaran : aswa, kapal kuda, swa, titihan, turangga, undhakan, wajik
§ Jeneng : asma, jejuluk, parab, rum-rum, sambat, wewangi
§ Kali : bengsawan, narmada, banawi
§ Kanca : kanthi, rewang, rowang
§ Kaya : kadi, kadya, lir, mamba, pendah, pindha, yayah
§ Kebo : maesa, misa, mundhing
§ Kembang : kusuma, padma, puspa, puspita, sari, sekar
§ Keris : curiga, katga, patrem, suduh, wangkingan
§ Kereta : rata, ratangga, pedhati, wimana, yana
§ Kesengsem : brangta, brangti, gandrung, kasmaran, lengleng
§ Kethek : juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre
§ Kraton : dhatulaya, kadhaton, kadhatun, pura, puri
§ Kuning : jenar, kapuranta, pita, jene, punar
§ Lanang : jaler, jalu, kakung, priya
§ Langit : akasa, antariksa, awing-awang, bomantara, jumantra, tawang
§ Lara : agring, gerah, gering, roga
§ Lintang : kartika, sasa, sudama, taranggana, wintang
§ Macan : arimong, mong, sardula
§ Manuk : kaga, kukila, paksi
§ Mata : aksi, eksi, mripat, netra, soca
§ Mati : antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, mancal
§ Misuwur : kajanapriya, kalok, kaloka, kombul, kombhang
§ Nom : mudha, taruna, timur
§ Omah : bale, dalem, griya, sasana, graham, panti, wisma, yasa
§ Panah : astra, bana, jemparing, naraca, sara, warastra
§ Pandhita : ajar, bagawan, biksu, dwija, dwijawara
§ Pangan : boga, boja, baksa, bukti, dhahar, madhang, nadhah, nedha
§ Paprangan : bandayuda, pabarata, palagan, payudan, rananggana
§ Pedhang : candrasa, sabet
§ Perang : bandayuda, jurit laga, pupuh, rana, yuda
§ Pinter : guna, lebda, limpad, nimpuna, putus, wasis, widigda, widura
§ Putih : dwala, pingul, seta
§ Rambut : keswa, rema, weni
§ Ratu : aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, pamasa
§ Rembulan : badra, basanta, candra, lek, sasangka, soma, sasi, wulan
§ Rusak : brastha, punah, rabasa, remak, rug, rurah, swuh
§ Sagara : ernawa, jalanidhi, jladri, laut, samodra, tasik
§ Sedhih : kingkin, margiyuh, rimang, susah, rudita, turida
§ Senapati : halubalang, narawara, senapatya, pramugari
§ Seneng : girang, harsana, harsaya, sukengkapti, trustha
§ Serik : eru, rengu, runtik
§ Sirah : kepala, kumba, murda, mustaka, ulu, utamangga
§ Slamet : basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana
§ Srengenge : aditya, arka, aruna. Bagaskara, bagaspati, radite, rawi
§ Turu : guling, nendera, sare
§ Udan : jawah, riris, warsa
§ Ula : sarpa, taksaka
§ Utusan : caraka, cundaka, duta
§ Wadon : dayinta, dyah, gini, juwita, kusuma, putri, retna, rini
§ Weruh : anon, myat, priksa, udani, uning, upiksa, wikan
§ Widadari : apsari, bathari, dewi
§ Wong : jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara

1 comments:

Unknown said...

ijin copas, makasih

Post a Comment